Berita

Tradisi Baritan ing Desa Jawisari

Jawisari – Warga Desa Jawisari nindakaké tradisi Baritan ing dinten Senin sonten, wekdalipun tabuh 17.00 WIB, ing papan panggenan wonten RT sowang-sowang. Kegiatan puniko minangka tradisi turun-temurun masyarakat Jawa kanggo nyambut rawuhipun Taun Anyar Islam 1 Muharram.

Acara Baritan dirawuhi para bapak-bapak, ibu-ibu, para pemuda, lan bocah-bocah. Kanthi nggawa panganan saka omah dhewe-dhewe, warga kumpul bebarengan ing lingkungan RT kanggo nguataké tali silaturahmi lan rasa guyub rukun antarwarga.
Kegiatan diwiwiti kanthi maca donga akhir taun, minangka panyuwunan marang Gusti Allah SWT supaya kabeh kalepatan lan kekurangan sajrone setaun kepungkur diparingi pangapura. Sawisé kuwi, warga nerusaké kanthi donga kanggo nyambut taun anyar Islam kanthi pangarep-arep diparingi berkah, kesehatan, keamanan, lan rejeki kang luwih becik.
Sawisé donga rampung, warga nindakake kenduren lan mangan bebarengan kanthi suasana kebak rasa kekancan lan Raos Tresna marang liyan. Tradisi iki ora mung dadi sarana nguri-uri budaya lan tradisi leluhur, nanging uga minangka wujud rasa syukur marang berkah kawilujengan kang wis diparingaké Gusti Allah SWT.

Share :